SELAMAT DATANG DI BLOG Pimpinan Cabang Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul Ulama Lasem

Minggu, 05 Januari 2014

Pemuda Pinangka Sakaning Bangsa

   Kito enget dumateng salah setunggaling ungkapan pujangga muslim, inggih meniko :       ??? ?? ?????????? ?????????, ??? ??????? ?????? “saktemene ono ing tanganmu wahai pemuda urusaning Negara, lan ono ing telapak sikilmu urusaning uriping bangsa” saking satunggaling ungkapan meniko, kito mangertos bilih para pemuda meniko nggadahi tanggel jawab ingkang ageng tumerap majeng munduripun Negari pramilo meniko para pemuda kedah cancut tali wondo, nyiapaken : ilmu pengetahuan lan teknologi ingkang cekap, iman lan taqwa ingkang kuat, saka akhlaqul karimah  ingkang kokoh. Amargi kanti  persiapan ingkang mateng wiwit sumangke tentu badhe munculaken generasi-generasi muda ingkang kiat saha  tangguh,..... tangguh ilmunipun, tangguh imanipun, saha tangguh akhlaqipun. lan tentu pemuda-pemuda meniko  badhe dados generasi muda ingkang siap dados sakanipun bangsa, dados generasi bangsa, dados generasi muda ingkang aktif nindaaken pembangunan Negara lan bangsa, tumuju dados Negari ingkang  ????? ?????? ????? ????   “Negari ingkang gemah ripah loh jinawe, tata titi tentrem, karta raharja tut wuri handayani”.  Saking uraian  meniko kito saget narik intisarinipun : - bilih pemuda dados kunci penting kangge nyepeng kasil mbotenipun pembangunan - bilih tiap geraipun pemuda minongko dados sumber kekiatan kangge kasilipun pembangunan - langkung-langkung pemuda dipun harapaken saget dados pemimpin ingkang mumpuni ilmu lan budipekertinipun.